DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA
SMP N 3 LIMPUNG
Terakreditasi A
Jl. Amongraga Km 4 Kec. Limpung Kab. Batang KP.51271 Tlp. (0285)660048
SOAL UJIAN PRAKTIK
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari Tanggal : ....Maret 2012
Jenis Ujian : Praktik Pidato
Waktu : ...... menit
Kanthi Pengetan Sumpah Pemuda Kita Wujudaken kualitas Bangsa
Assalamualaikum Wr.Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kula hormati, Bapak ibu Guru ingkang kula hormati, kanca-kanca siswa SMP 3 Limpung ingkang kula tresnani. Mangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT iIngkang tansah paring pinten pinten kanikmatan dhumateng kita, saengga kita saget rawuh ing ngriki kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
Para rawuh ingkang kula hormati, wonten ing pengetan dinten sumpah pemuda punika, sekedhap kita tinggali ing jaman semanten para anem bangsa Indonesia nggelengaken tekad manunggalaken tanah klairan, bangsa lan basa Indonesia. Kanthi makaten bangsa Indonesia saged mardika.
Wonten ing jaman kamardikan pinika giliran kita ingkang kedah nggadhahi tekad mbangun nagari supados cita-cita kamardikan rakyat adil makmur enggal saget kawujudaken. Tugas kita minangka siswa tentunipun kedah sinau ingkang sregeb, kreatif, lan inovatif. Kanthi makaten mugi-mugi kita saged dados tiyang ingkang nggadhahi kualitas kangge majengaken nagari kita.
Para rawuh ingkang kula hormati makaten ingkang saget kula aturaken, mugi-mugi kanthi pengetan sumpah pemuda punika saget nambahi tekad kita nigisi pembangunan. Pungkasaning atur mbok manawi kathah kalepatan anggen kula matur kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb.